![](https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEiqhWVYB2S2an_YmPORb3s9-pdL5lVI2UkJaBLYOdUb0DehHJSb7Rbr4vFBa8yUcNa-0DuNLx1chC9YXLoBsYOXS5qiXuACKfAbvPHRNx2AHKqSJzIfWmWxqa7YnFXHiG2lhieYacBSOdY/s320/18.jpg)
Sesarengan kaliyan Komandan Kodim Klaten Bayu Jagad, petani ing Desa Karanglo nindakaken panen kapisan sere wangi. Sasampunipun panen kalajengaken penyulingan sepisanan ron sere wangi kangge mendhet lisah atsiri, lisah asil metabolit sekunder tetuwuhan.
Indonesia inggih salah satunggaling nagari ingkang ngasilaken lisah atsiri ingkang gadhah aos ekonomi. Salah satunggalipun inggih lisah atsiri saking sere wangi awit kathah pamundhutan dene reginipun popog kepara malah mindhak dene pangupakawising uwit sere wangi ugi prasaja awit saged gesang dhateng sadengah papan.
Miturut Kades Karanglo ingkang ugi Ketua Koperasi Korsa Abadi Selaras ingkang
makarya ing babagan penyulingan sere wangi, pehakipun badhe tansah njurung para petani kangge nanem sere wangi. Kanthi pangajab ing saben dintenipun saged tansah produksi lisah atsiri sere ingkang migunani kangge bahan aroma terapi, antiseptik industri sabun, parfum lan kosmetik. Kejawi badhe dipun ekspor, lisah ugi badhe dipun tanjakaken kangge kabetahan salebeting nagari. Menawi budidaya sere wangi dipun tindakaken kanthi tumemen dening para kadang tani bebathenipun saged ngantos Rp 62 yuta dene pabrik penyulingan ugi sampun dipun cawisaken ing Desa Karanglo.

Why Bet365 and Playtech are so popular in the online gaming
BalasHapusPlaytech is the world's 넷마블 포커 leading 강친닷컴 gaming software company, 바카라분석법 Playtech 슬롯 꽁 머니 has already achieved a 라이트닝바카라 major online gaming revenue of $3.8bn and